Pidato Bahasa Jawa Serang Banten


“Nuntut Ilmu Niku Seumur Urip”

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh
Alhamdulillahi Robbil ‘Alamin Wabihi Nasta’inu Wa’ala Umuriddunya Waddin
Washolatu Wassalamu ‘Ala Ashrofil Ambiyai Walmursalin Wa’ala Alihi Washohbihi Ajma’in
Amma Ba’du

Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Kepala Sekolah SDN Kopi, Sing Terhormat, Lan Kule Hormati Bapak Atanapi Ibu Guru Beserta Staf SDN Kopi, Sing Tercinta Lan Kule Cintai Rencang-rencang kule siswa siswi SDN Kopi

Mugi-mugi kule sedanten selalu dalam lindungan Allah SWT lan selalu diisungi kesehatan sehingge kule sedanten bangkit hadir ing dalem acara perpisahan puniki.

Puji lan syukur marilah kule selalu panjataken mareng Allah SWT kang sampun ngisungi nikmat Iman, Islam, Ihsan, lan nikmat sehat wal’afiat.

Sholawat serte salam katuran kule sedanten lantunaken maring junjungan kule, nabi kule, penghulu kule, habibina, wasyafi’ina, wamaulana Muhammad SAW. kang sampun ngebakte kule sedanten saking kepetengan maring kepadangan seperti saat puniki.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang

Pada kesempatan sing berbahagie puniki kule ayun nyampekakan uraian singkat tentang “Ilmu Puniku Cahaya”

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang

“Nuntut Ilmu Niku Seumur Urip”
Pepatah arab ngomongaken

أُطْلُبُوا الْعِلْمَ مِنَ الْمَهْدِ اِلىَ اللَّهْدِ
“Uthlubul ‘Ilma Minal Mahdi Ilallahdi”
sing artine “nuntut ilmu puniku awit saking bedongan tumeke maring lelandak”.

Maksude enggeh puniku bahwe nuntut ilmu niku harus seumur urip kule, selama ambekan maler wenten, gerak badan maler gesit, make kule-kule sedanten harus atanapui wajib nuntut ilmu.
Cepe wong kulon mah ngomongaken “Long Life Education” artine “Pendidikan Seumur Urip”.
Oleh krane puniku yuk kule-kule sedanten nuntut ilmu sing getol, nuntut ilmu sing patol, lan nuntut ilmu tanpe putus ase, terus-menerus nuntut ilmu walaupun sampun tue, walaupun sampun peyot lan sebagaine.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang

Smongko uraian singket kule, mugi-mugi wenten manfaate kangge kule khususe lan kule sedanten umume. Kule ngende alim pangapurane embokan wenten omongan-omongan lan tingkah laku kule sing kirang berkenan.

Wabillahi Taufiq Walhidayah, Warridho Wal Inayah, Wassalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh



Assalamualaikum Wr. Wb

Ngaturaken wilujeng enjing kangge sedanten
Ibu guru sing kula hormati,sareng sedanten rencang-rencang siswa siswi SDN Jeruk tipis 4 sing kula cintai.

Sederenge kula ngaturaken puji syukur maring Allah SWT, sing sampun ngisungi waktos keuripan maring kula kula sedanten,sampe bangkit ngumpul ngeriung ing dalam acara puniki, Alhamdulillah kula- kula sedanten bangkit ning tempat puniki kelawan kewentenan sehat jasmani sareng rohani,..aamiin,..

Dulur-dulung sedanten sing kula hormati,

Dinten puniki kula ayun maparaken peripun pentinge urip sehat kangge kula-kula sedanten.wajib kangge wong muslim ngejaga kebersihan,sebab kebersihan niku sebagian daripada iman,sehat niku katah maceme, sehat lingkungan,sehat badan,upami sedanten bangkit ngejaga maring kesehatan niki, insyaallah pasti ditebihaken saking penyakit..

Dulur-dulur sedanten sing kula hormati,

Kira-kirane napa saos sing kedah dijaga kangge ngejaga supaya sedanten sehat, misale,ngiduh napik sembarangan,buang air kecil/air besar kedah ning tempate, kebersihan badan gih kedah dilakoni,misale,adus ngangge sabun,sikat gigi sedinten minimal rong balen,kuku dirawat supaya terus bersih,rambut di sisir supaya rapih,napa sih sing sulit,.. boten wenten sing sulit,sedanten geh gampang asal dibiasakan,

Dulur-dulur sedanten sing kula hormati

Seumpama kula-kula sedanten sedidintenne bangkt ngejaga kebersihan badan dewek,lingkungan dewek, lan sedanten ngerasa cinta maring kebersihan,maka kesehatan pasti wenten ning dalam lingkungan kula-kula puniki,insyaallah lingkungan bersih ati kita gah pasti bersih margi jasmani rohani kula-kula puniki sehat walafiat,.

Dulur-dulur sedanten sing kula hormati,..

Cekap paparan saking kula puniki,mudah-mudahan wenten manfaate,bangkit sareng-sareng dilaksanakan,boten hilap saking kula,ngenda maaf bokan wenten salah ucap,kirang enak kepirenge,kesempurnaan nggih puniku milik Allah,..

Wabillahitaufik walhidayah,
Wassalamualaikum warahmatullahiwabarakatuh,


Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

اَلْحَمْدُ للهِ وَالشُّكْرُلِلهِ وَالصَّلاَةُ وَالسّلَامُ عَلىَ رَسُوْلِ اللهِ سَيّدِ نَا وَمَوْلَناَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, اَمَّا بَعْدُة

Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Kepala Sekolah SDN Kopi, Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Atanapi Ibu Guru Beserta Staf SDN Kopi, Sing Tercinta Lan Kule Cintai Rencang-rencang kule siswa siswi SDN Kopi, Mugi-mugi kule sedanten selalu dalam lindungan Allah SWT lan selalu diisungi kesehatan sehingge kule sedanten bangkit hadir ing dalem acara puniku “..............”.

Puji lan syukur marilah kule selalu panjataken mareng Allah SWT kang sampun ngisungi nikmat Iman, Islam, Ihsan, lan nikmat sehat wal’afiat.

Sholawat serte salam katuran kule sedanten lantunaken maring junjungan kule, nabi kule, penghulu kule, habibina, wasyafi’ina, wamaulana Muhammad SAW. kang sampun ngebakte kule sedanten saking kepetengan maring kepadangan seperti saat puniki.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang

Pada kesempatan sing berbahagie puniki kule ayun nyampekakan uraian singkat tentang “Ilmu Puniku Cahaya”

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang

Cepe al-Ghozali ati kule puniku sepertos kace, lamun kace sering dibersihi, setiep waktos, setiap saat, setiep detik, make kace puniku tambah waktos, tambah dinten tambah kinclong clong clong clong…!!! Enggeh boten dulur-dulur???

Niki selaras sereng kang sampun diungkapaken kelawan kanjeng nabi kule Nabi Muhammad saw. Cepe Nabi “al-‘Ilmu Nurun” sing artine “Ilmu Puniku Cahaye”.

Niki bangkit disimpulaken enggeh puniku lamun kule ayun belajar ilmu lan dipune ilmu mlebet kelawan cepet, sing perlu dibersihi niku atine krihin. Mun atine sampun bersih, sampun kinclong sepertos sing omongaken sereng al-Ghozali, make ilmu niku mlebet kelawan cepet artine belajare boten belet, kule nerime ilmu cepet, cerdas lan pinter. Krane ilmu niku cahaye, cahaye cuma nembus ning barang-barang sing bening-bening lan kinclong-kinclong. Lamun ati kulane butek, make ilmu puniku boten mlebet-mlebet ning ati kule sing lagi belajar ilmu.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang

Dipune atine bersih lan kinclong prepun carane???

Sholat lime waktos napik ditinggal, puase ing dalem bulan romadhon, bayar zakat fitrah, katah-katah shodaqoh, katah-katah zikir atanapi inget maring Allah SWT., terus menerus damel kebagusan maring wong tue kalih, dulur-dulur, tetangge, recncang-rencang lan seteruse. Nikulah hal kang bangkit ngebersihaken lan nginclongaken ati kule, krane cahaye ilmu puniku bangkit nembus ning ati kule sing bersih lan kinclong.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang

Smongko uraian singket kule, mugi-mugi wenten manfaate kangge kule khususe lan kule sedanten umume. Kule ngende alim pangapurane embokan wenten omongan-omongan lan tingkah laku kule sing kirang berkenan.

Wabillahi Taufiq Walhidayah, Warridho Wal Inayah, Wassalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

Related Posts:

2 Responses to "Pidato Bahasa Jawa Serang Banten"